Khutbah

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Nuladani Welas Asih Kanjeng Nabi Muhammad Saw

Kamis, 3 Oktober 2024 | 14:30 WIB

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Nuladani Welas Asih Kanjeng Nabi Muhammad Saw

Ilustrasi Nabi Muhammad (Foto:NU Online)

Kanjeng Nabi Muhammad saw kawentar minangka tuladhané utama ing nuduhaké sih katresnan sing tulus marang sakabehing titah. Minangka nabi sing diutus kanggo nggawa rahmat tumrap jagad raya, saben tumindak lan pituturé nggambaraké alusé ati lan katresnan sing ngluwihi wates-wates suku, ras, lan agama. Lantaran tuladhane ing sih katresnane, Kanjeng Nabi Muhammad saw nggulawentah manungsa babagan pentinge sesrawungan kanthi ngajeni, tresna-tinresna, lan njaga harmonis ing urip sosial.


Khutbah Jum'at meniko njenengi “Nuladani Welas Asih Kanjeng Nabi Muhammad Saw” Mugi-mugi gadhah manfaat! Kangge ngundhuh teks khutbah, monggo klik judhul ing nduwur! Waca Ugi


Khutbah I


الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي أَرْسَلَ رَسُوْلَهُ رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ، وَأَنْزَلَ كِتَابَهُ هُدًى لِلْمُتَّقْيْنَ
أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ، إِلهُ الْأَوَّلِيْنَ وَالْآخِرِيْنَ. وَأَشْهَدُ أَنَّ
سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ خَاتَمُ الْأَنْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِيْنَ.
اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلَّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنا مُحَمَّدٍ وَعَلَى الِهِ وَأَصْحَابِهِ وَالتَّابِعِينَ
بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّينِ أَمَّا بَعْدُ : فَيَا عِبَادَ الله ، أَوْصِيْكُم وَ نَفْسِي بِتَقْوَى اللَّهِ
وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ
قَالَ اللَّهُ تَعَالَى فِي القُرْآنِ الْكَرِيمِ يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوْا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا
تَمُوْتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. صَدَقَ اللَّهُ الْعَظِيْمِ.
وقال تعالى: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا الله وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا، يُصْلِحْ لَكُمْ
أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطع الله وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا


Jamaah Jum’ah rahimakumullah, 


Monggo kita ngupaya ngundhakake iman lan taqwa kita dhumateng Allah swt, inggih puniko kanthi nglampahi sedoyo printah-printahipun lan nyingkiri samubarang larangan-laranganipun, serta nindakake kabecikan marang sakabehing makhluk ciptaanipun. Monggo kita mriksa dhiri kita, punapa keimanan lan ketakwaan kita sakpuniko sampun langkung sae tinimbang dinten-dinten kapungkur.? Amargi iman lan takwa puniko bekal kita gesang ing donya puniko, supados kita tansah angsal ketentreman lan berkah, serta kabahagyan ing donya lan akhirat. 


Jamaah Jum’ah rahimakumullah, Nabi kita, Sayyiduna Muhammad saw puniko setunggaling mursyid sejati ingkang mbimbing umat manungsa. Panjenenganipun minangka tauladhan ingkang paling becik ing nglampahi gesang puniko. Panjenenganipun minangka lampu padhang ing pepeteng lan rembulan ingkang madhangi ing tengah wengi ingkang peteng. Allah swt ndawuhaken


وَّدَاعِيًا اِلَى اللّٰهِ بِاِذْنِهٖ وَسِرَاجًا مُّنِيْرًا ۝٤٦ يٰٓاَيُّهَا النَّبِيُّ اِنَّآ اَرْسَلْنٰكَ شَاهِدًا وَّمُبَشِّرًا وَّنَذِيْرًاۙ ۝٤٥


Wahai Nabi, saestu Ingsun ngutus sliramu supoyo dadi seksi, lan panyebar kabar kabagyan sarta paring pepeling. Lan supoyo dadi panjerang ing Agamane Allah kanthi idzinipun lan supoyo dadi cahya kang madhangi.” (QS. Al-Ahzab ayat 45-46).


Panjenenganipun minangka purnama sing mbabaraken welas asih, ngedum cahya katresnan menyang saindenging panggonan. Ing jiwa lan ragane tansah kebak rasa welas asih. Allah swt sampun ngluhuraken panjenenganipun ing dawuhipun:


وَمَا أَرْسَلْنَكَ إِلَّا رَحْمَةً لِلْعَلَمِينَ


“Lan ora Ingsun ngutus ing siro, kejaba supoyo dadi rahmat kanggo sakabehing alam.” (QS. Al Anbiya ayat 107). Rasulullah saw ngandika ing sabdane:


إِنَّمَا أَنَا رَحْمَةٌ مُهْدَاةٌ


“Aku iki mung rahmat sing dikaruniai lan diparingake.” (HR. Ad-Darimi lan Baihaqi)


Jamaah Jum’ah rahimakumullah, 


Rahmat ingkang dibekta Nabi Muhammad saw ngembrakake maring sakabehing umat manungsa lan sakabehing makhluk ciptaane Allah. Malah marang tiyang-tiyang ingkang musuhan lan mbeci panjenengane, ugi maring tiyang-tiyang ingkang mbenci agami Islam, panjenenganipun tansah ndongakake muga-muga kelak saged kaparingan hidayah saking ngersanipun Allah swt. 


Puniko saged kita sumerapi saking kedadosan ing kutha Thaif, inggih puniko nalika Rasulullah nampi serangan saking tiyang-tiyang kafir Quraisy ingkang ngalangi dawah panjenengane. Ing wekdal ingkang sami, Malaikat Jibril nyuwun maring panjenenganipun supados ndedonga lan nyuwun dateng Allah swt, muga-muga panjenenganipun paring idzin supados para pendhudhuk Thaif saged dibinasakaken kanthi gunung-gunung ingkang sampun siap dipun angkat. 


Nanging tawaran Jibril wau dipun tolak dening Rasulullah saw. Panjenenganipun malah milih ndedonga kangge para pendhudhuk Thaif supados sami kaparingan kabecikan. Panjenenganipun nyuwun dateng Allah supados para pendhudhuk Thaif saged kaparingan hidayah sahingga saged nampi ajaran agami Islam. Sak dangunipun getih ngocor saking wajah ipun Kanjeng Nabi Muhammad saw, panjenenganipun ngangkat astonipun lan ndedonga:


إِنَّ اللَّهَ لَمْ يَبْعَثْنِي طَعَانًا وَلَا لَعَاثًا وَلَكِنْ بَعَثَنِي دَاعِيًا وَرَحْمَةً، اللهم اهْدِ قَوْمِي فَإِنَّهُمْ لَا يَعْلَمُوْنَ


Tegesipun, “Saestu Allah ora ngutus kula minangka tiyang kang ngrusak lan dudu (uga) tiyang kang ngipat-ipati. Nanging Allah ngutus kula minangka panjerang lan panyebar rahmat. Ya Allah, paringono hidayah marang kaum kula, awit saktemene sami boten sumerep!” (HR Al-Baihaqi).


Jamaah Jum’ah Rahimakumullah 


Pribadi Rasulullah saw menika pribadi ingkang sanget berkarisma, tiyang ingkang mirsani panjenenganipun kaping sepisanan badhe rumasuk kagum, lan tiyang ingkang sampun mirsa badhe tresna dhateng panjenenganipun. 


Tyang ingkang kepanggih lan sesrawungan kaliyan Kanjeng Nabi, mesthi bakal ninggal kesan, “Aku ora nate mirsani tiyang kados panjenenganipun, sadurunge lan saksampunipun panjenenganipun.” Ing Al-Qur’an, surat al-Qalam [68] ayat 4, dipun wedar kanthi cetho babagan keluhuran budi pekerti Rasulullah saw. Allah swt dawuh:


وَإِنَّكَ لَعَلَى خُلُقٍ عَظِيْمٍ


Tegesipun, “Saestu slirane iku ( Nabi Muhammad ) yekti priyantun kang anduweni budi pekerti kang agung/luhur.”


Jamaah Jum’ah Rahimakumullah


Imam al-Qurthubi nerangaken, “kados pundi ingkang dipun wastani wonten ing kitab Shahih Muslim, Ibunda Aisyah ra ngendika bilih budi pekertinipun Rasulullah saw punika kados Al-Quran. Boten bakal dipun temokake budi pekerti ingkang langkung mulya tinimbang pekertinipun Kanjeng Nabi. 


Amargi, Rasulullah dipun utus wonten ing donya, kangge nyampurnakaken akhlakipun manungsa. Antaranipun akhlak panjenenganipun ingkang mulya inggih puniko caranipun Rasulullah saw nelangsa tiyang ingkang seneng damel maksiat. Panjenenganipun mboten naté tumindak kasar utawi ngadili tiyang kang nindakaken maksiat, nanging tansah nyobi maringi pitutur lan pepeling kanthi penuh kelembutan lan katresnan. 


Rasulullah nguladha supaya ora ngipat-ipati lan ngadili tiyang sanes, sanajan dheweke iku wong dosa. Manungsa ora kagungan hak kanggo nemtokake sinten ingkang pantes mlebet swarga lan sinten ingkang pantes mlebet neraka. Namung Allah ingkang kagungan hak kangge punika. Rasulullah ngendiko:


مَنْ غَيَّرَ أَخَاهُ بِذَنْبٍ لَمْ يَمُتْ حَتَّى يَعْمَلَهُ


Tegesipun, “Sinten kémawon sing ngipat-ipati sedherekipun amarga satunggaling dosa, mula dhèwèké ora bakal séda sadurunge nindakaké dosa mau.” (HR. Tirmidzi) 


Hadits menika mulang kita supados mboten ngadili tiyang ingkang nindakaken dosa. Amargi, sinten kémawon saged nindakaken dosa, lan sinten kémawon ugi saged bertaubat. Awit saking punika, kita kedah tansah mbukak ati lan tansah ndherek sangka ingkang sae marang tiyang sanes. Kita kedah paring kesempatan dhateng tiyang sanes supados saged ndandani dhiri lan bertaubat. Ampun ngantos kita dados alangan tumrap tiyang sanes supados nampi pangapuntenipun Allah swt.


Jamaah Jum’ah Rahimakumullah


Monggo kita sami ngupaya kanthi sakedhahipun lan ndedonga, mugi-mugi tansah dipun paringi rahmat lan hidayah dening Allah swt, supados saged menauladani samubarang ingkang dipun wulangaken dening Rasulullah lan mugi-mugi ing tembe kita saget nampi syafa’atipun wonten ing yaumil akhir. Aamiin ya rabbal ‘aalamiin


بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ
وَالذِّكْرِ الْحَكِيمِ. أَقُولُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيمَ، لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ
الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلَّ ذَنْبٍ فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيمِ

 

Khutbah Kedua


الْحَمْدُ لِلَّهِ عَلَى إِحْسَانِهِ وَالشَّكْرُ لَهُ عَلَىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا
اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. قَالَ اللَّهُ
يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. قَالَ
تعالَى إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلى النَّبي يا أيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ
وَسَلَّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمْ وَعَلَى آلِ
سَيِّدِنا مُحَمَّدٍ

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ الْأَحْيَاءُ مِنْهُمْ
وَأَلْأَمْوَاتِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا البَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالزَّلَازِلَ وَالْمِحَنَ وَسُوْءَ الْفِتْنَةِ
وَالْمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خَاصَّةً وَسَائِرِ الْبُلْدَانِ
الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ . اللَّهُمَّ أَصْلِحْ لَنَا دِينَنَا الَّذِي هُوَ عِصْمَةُ أَمْرِنَا،
وَأَصْلِحْ لَنَا دُنْيَانَا الَّتِي فِيهَا مَعَاشْنَا، وَأَصْلِحْ لَنَا آخِرَتَنَا الَّتِي إِلَيْهَا مَعَادُنَا،
وَاجْعَلْ الحَيَاةَ زِيَادَةً لَنَا فِي كُلِ خَيْرٍ، وَاجْعَلْ المَوْتَ رَاحَةً لَنَا مِنْ كُلِّ شَرٍ. رَبَّنَا
آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

عِبَادَ اللهِ ! إِنَّ اللَّهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ وَإِيتَاءِ ذِي الْقُرْبَيَ وَيَنْهَى عَنِ
الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللَّهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ
وَاشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللَّهِ أَكْبَرِ

 

Kiai Muhammad Fiky Ardhiansyah, Lc., M.S.I. ( Wakil Sekertaris LD-PWNU Jawa Tengah )