NU Online Jateng -
Khutbah I
الْحَمْدُ لله الذي فضل بني آدم بالعلم والعمل على جميع العالم، والصلاة والسلام على سيدنا محمد سيد الْعَرَبِ وَالْعَجَمِ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ ينابيع العلوم والحكم،
أشهد أن لا إله إلا الله وحده لا شريك له، المنزه عن الْجِسْمِيَّةِ وَالْجِهَةِ وَالزَّمَانِ وَالْمَكَانِ، وَأَشْهَدُ أَنْ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ الَّذِي كَانَ خَلَقَهُ الْقُرْآنَ أما بعد، فَيَا أَيُّهَا الْإِخْوَانُ، أَتَّقُوا اللَّهَ فِي كُلِّ زَمَانٍ وَمَكَانِ
Hadirin jamaah Jumat ingkang kinurmatan,
Monggo kito tansah ngelampahi taqwa dhateng Allah ﷻ kanthi cara nindakaké dhawuh-dhawuhipun lan ninggal laranganipun. Amargi kanthi taqwa menungsa saged pikantuk drajat ing ngarsanipun Allah Swt - kados firmanipun wonten ing surat Al-Hujurat ayat 13:
إن أَكْرَمَكُمْ عِندَ اللَّهِ أَتْقَاكُمْ
Maknanipun: "Satemene tiyang ingkang paling mulya wonten ing ngarsanipun Allah Swt punika ingkang paling taqwa saking panjenengan sedaya."
Ma'asyiral muslimin rahimakumullah,
Taqwa punika boten saged dipun-gayuh kajawi kanthi ilmu. Amargi ilmu niku ingkang ndadosaké menungsa saged mbedakaké antara ingkang becik kaliyan awon, antara ingkang haq lan bathil, dhawuh lan larangan, halal lan haram. Kanthi ilmu, menungsa saged mangertosi kuwaosipun Allah Swt.
Mung para ulama ingkang saget nyadari lan mangertosi tandha-tandha kuwaosipun Allah Swt sehinggo para ulama punika dhateng Allah Swt ajrih lan pasrah tenan. Menawi miturut firman Allah:
إِنَّمَا يَخْشى الله من عباده العلماء إن الله عزيز غفور
Maknanipun: Satermènipun tiyang ingkang ajrih dhateng Allah Swt saking kawulanipun, punika para ulama. Allah Swt punika Maha Kuwasa lan Maha Pangapunten. (QS. Fatir: 28)
Sayyidina Ibnu Abbas ngendika, "Ulama punika tiyang ingkang boten nyekutukaké Allah Swt kaliyan apapun, ngalalake dhateng ingkang Allah Swt halalké lan Ngaramake dhateng ingkang Allah Swt haramke, njaga dhawuh-dhawuhipun, sarta yakin menawi piyambakipun badhé kapanggih kaliyan Allah Swt ingkang badhe ngitung sarta mbales samukawis amalanipun manungsa."
Saking makna punika, cetha menawi ulama punika dudu tiyang biasa. Ulama punika tiyang ingkang nglajengaké warisan ilmu lan akhlakipun para nabi, ingkang ngajak umat supados tetep wonten ing margi Allah Swt. Ndherek ajaran Islam, lan manut dhateng aturanipun Allah Swt.
Kados dawuhipun Nabi Muhammad:
العلماء ورثة الأنبياء، إن الأنبياء لم يورثوا دينارا ولا دِرْهُمَاء إِنَّمَا وَرَثُوا الْعِلْمَ
Maknanipun: "Para ulama punika warisane para nabi. Para nabi boten ninggal dhuwit dinar utawi dirham, ananging ninggal ilmu." (HR. Abu Dawud, Tirmidzi, lan Ibnu Majah)
Para ulama minangka ahli ilmu agama, nindakaké tugas kenabian: ngajar agama, mbeneraké umat, lan ngukuhaké kebenaran. Ulama boten nampi wahyu, nanging nampa amanah kanggo nuntun umat dhateng petunjukipun Allah Swt. Imam Al-Ghazali ngendika: "Ulama punika pepadhang ing tengahing pepeteng. Padatané nuntun menungsa dhateng dalane Allah Swt kados para nabi nuntun umatipun."
Para ulama punika tiyang-tiyang ingkang dipun-luhuraké drajatipun déning Allah Swt kados ing firmanipun:
يرفع الله الَّذِينَ آمَنُوا مِنكُمْ وَالَّذِينَ أُوتُوا الْعِلْمَ دَرَجَاتِ وَاللَّهُ بِمَا تَعْمَلُونَ خَبِيرٌ
Maknanipun: "Allah Swt badhé ngluhuraké drajatipun tiyang-tiyang ingkang iman saking panjenengan sedaya, lan tiyang-tiyang ingkang diparingi ilmu kanthi pinten-pinten drajat Allah Maha Ngertos samukawis tindak tanduk panjenengan." (QS. Al-Mujadilah: 11)
Wonten tafsiranipun, Syekh Syamsuddin Al-Qurthubi ngendika:
Maknanya: Allah Swt gluhuraké tiyang beriman lan berilmu kanthi ganjaran ing akhirat lan kamulyan ing donya. Iman ngluhuraké drajatipun saking tiyang kafir, lan ilmu ngluhuraké drajatipun saking tiyang bodho.
Keranten meniko kito, minangka umat Islam, kedah saged manut dhateng petunjuk lan fatwa para ulama. Aja nganti awit boten cocog kaliyan kersaning awake dhewe, lajeng nentang dawuhipun ulama.
Wonten ing tradisi pesantren lan organisasi Nahdlatul Ulama, wonten kegiyatan Bahtsul Masail, ingkang isiné rembugan hukum agama déning para ahli, kanthi dalil saking kitab-kitab mu'tabar.
Pendapat punika dipun-serap lan dipun-tashih déning para kiai sepuh, sahinggo hasilipun saged dipun-gayuh tanggung jawabe lan langkung bisa dipun-andelani tinimbang pendapat tiyang pribadi.
Ma'asyiral muslimin rahimakumullah,
Ing jaman menika, sampun kito raosaken sampun milai kirangipun ilmu amargi wafatipun para ulama. Menawi ilmu boten dipun-warisi, mila sirnane ilmu punika. Sing paling kito kawatiraken, menawi tiyang ingkang boten duwé dasar ilmu, nanging dipuntampa déning umat, banjur medhar fatwa, niku saged nyasar lan nyasarké
Nabi Muhammad ngendika:
إِنَّ اللهَ لا يقبض العلم النزاعا ينازعة من العباد، ولكن يقبض العلم بقبض العلماء، حتى إذا لم يبق عالما اتَّخَذَ النَّاسُ رُؤوسًا جَهَالا قتلوا فاقتوا بغير علم، فضلوا وأضلوا
Tegesipun: "Allah Swt boten ngilangaké ilmu kanthi langsung dicabut saking hamba-hamba-Nya. Nanging, ilmu punika sirna awit wafatipun para ulama. Menawi boten wonten ulama ingkang tasik wonten, menungsa milih pimpinan bodho, lan nalika dipun-takoni, piyambakipun paring fatwa tanpa ilmu. Mila nyasar lan nyasarkė."
Hadits punika cetha paring wanti-wanti, supados kito boten nyuwun fatwa dhateng tiyang ingkang boten ahli. Sanajan dhèwèké kondhang, nanging menawi boten ahli ing agama, mbokmenawa malah nuntun dhateng kesesatan.
Imam an-Nawawi ngendika:
لا يجوز استفتاء غير العالم اللغة
Maknanipun: "Boten pareng nyuwun fatwa kajawi dhateng tiyang alim lan dipercaya."
Mula, monggo kito sami nglajengaké ngaji, pados ilmu agami dhateng para ulama, supados generasi kito tansah wonten ing jalan kebenaran.
Muga Allah Swt paring manfaat dhateng kito sedaya. Mekaten khutbah singkat ing siang, ingkang barokah punika. Mugi manfaat dunyo lan akhirot.
جعلنا الله وإياكم من الشاكرين، وحشرنا وإياكم في زمرة الصالحين
أعُوذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّحيم بسم الله الرَّحْمَنِ الرَّحِيم يا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا إِذا قِيلَ لَكُمْ تَفَسَّحُوا فِي الْمَجَالِسِ فَافْسَحُوا يَفْسَح اللهُ لَكُمْ، وإذا قيل انشروا فانشروا، يرفع الله الذينَ آمَنُوا مِنكُمْ وَالَّذِينَ أُوتُوا الْعِلْمَ دَرَجَاتٍ وَاللَّهُ بِمَا تَعْمَلُونَ خَبِيرٌ
وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ، وَأَنتَ خَيْرُ الرَّاحِمِين
Khutbah II
الحمد لله الذي أرسل رسوله بالهدى ودين الحق ليظهره على الذين كله والصلاة والسلام عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ خَيْرٍ خلقه، وعلى آله وصحبه
أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللَّهِ اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ، وَاعْلَمُوا أَنَّ اللهَ أَمْرَكُمْ بِأَمْرِ بَدَأَ فِيهِ بِنَفْسِهِ، وَثَنَّى بِمَلائِكَتِهِ الْمُسبحة بقدسِهِ، فَقَالَ عَزَّ مِنْ قَائِلِ
( إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلى النبي، يا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلَّمُوا تَسْلِيمًا )
اللهم صل وسلم على سيدنا محمدٍ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِينَ
اللهم اغْفِرْ لِلمؤمنين والمؤمنات، والمسلمين والمسلمات الأحياء منهم والأموات، وضاعَفْ لَهُمُ الْحَسَنَاتِ، وَكَفَرْ عَنْهُمُ السَّيِّئَاتِ، وَارْزُقهم من الطيبات، إنك سميع قريب مجيب الدعوات، يا قاضي الْحَاجَاتِ، وَيَا كَافِي المهمات اللهم اجعَلْنَا هُدَاةً مُهْتَدِينَ، غَيْرَ صَالِّينَ وَلَا مُضِلِّينَ
اللَّهُمَّ اسْتُرْ عَوْرَاتِنَا، وَآمِنْ رَوْعَاتِنَا، وَاكْفِنَا مَا أَهَمْنَا، وَقِنَا شَرَّ مَا نَتَخَوفَ رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً، وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً، وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
عِبَادَ اللهِ إِنَّ اللَّهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ، وَإِيتَاءِ ذِي الْقُرْبى، وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُونَ فَاذْكُرُوا الله العظيم يَذْكُرُكُمْ، وَاشْكُرُوهُ على نعمه يزدكُمْ، وَاسْألُوهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ، وَاتَّقُوهُ
يَجْعَلْ لَكُمْ مِنْ أَمْرِكُمْ مَخْرَجًا
فَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيمَ يَذْكَرُكُمْ، وَاشْكُرُوهُ على نعمه يزدكُمْ، وَاسْأَلُوهُ مِن فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ، وَاتَّقُوهُ يَجْعَلْ لَكُمْ مِنْ أَمْرِكُمْ مَخْرَجًا وَلَذكرُ اللهِ أَكْبَرُ، وَاللَّهُ يَعْلَمُ مَا تَصْنَعُونَ
Download Materi Khutbah Jumat Basa Jawa: KLIK DISINI
Penulis: LD PCNU Kediri
Terpopuler
1
Bentrok FPI dengan PWI-LS, Ini Tanggapan Rais Syuriyah PCNU Pemalang
2
Peringati Harlah ke-79, Muslimat NU Purworejo Launching Tiga Program Mustika sebagai Ikhtiar Dakwah dan Pemberdayaan
3
LP Ma’arif NU Magelang Gelar Rakerdima 2025: Kobarkan Semangat Digitalisasi Menuju Generasi Emas Berakhlak Mulia
4
Khutbah Jumat: Sikap Orang Tua terhadap Guru Anak demi Kesuksesan dan Keberkahan
5
Lailatul Ijtima' PWNU Jateng: Jalankan Enam Visi Misi NU dengan Tulus, Raih Barokah Dunia Akhirat
6
Tolak Lima Hari Sekolah, IPNU-IPPNU Purworejo: Pendidikan Agama dan Budaya Tak Boleh Tersingkir
Terkini
Lihat Semua