Khutbah

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Bahayane Ngedohi Ulama

Jumat, 1 Agustus 2025 | 05:06 WIB

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Bahayane Ngedohi Ulama

Masjid di komplek pesantren An Nawawi Purworejo (Foto hanya ilustrasi)

NU Online Jateng -

Pentinge peranipun para ulama minangka pewarisipun para nabi. Nyingkiri ulama saged njalari tigang musibah ageng: rejeki boten berkah, kapemimpinan zalim, lan seda tanpa iman. Umat Islam dipunélingaké supados tansah nyambung kaliyan ilmu, amal, lan akhlaké para ulama, amargi para ulama punika ingkang nerusaké risalahipun Nabi minangka pepadhang ing urip. Mulyakaké lan ndherek ulama kalebet bagéan saking ngreksa iman lan kaslametan ing donya lan akhirat.

 

Naskah Khutbah Jumat punika kaanggit mawi basa Jawa déning Ketua Lembaga Dakwah (LD) Pengurus Cabang Nahdlatul Ulama (PCNU) Purworejo, KH Muhammad Al-Hatak, kanthi irah-irahan “Bahayane Ngedohi Ulama”. Naskah khutbah punika ugi kasadia wonten ing kalih versi, inggih punika basa Indonesia lan basa Jawa. Monggo saget panjenengan undhuh wonten ing ngandhap punika. (Redaksi)

 

Khutbah Sepindah

 

الحمد لله الحمد لله الذي بعث سيدنا محمدًا رحمة للعالمين. وأشهد أن لا إله إلا الله وحده لا شريك له الملك الحق الْمُبِينُ. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ الصَّادِق الوعد الأمين. اللهم صل وسلم على سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ والتابعين ومن تبعهم بإحسان إلى يوم الدين وقال الله تعالى في كتابه الكريم إنَّمَا يَخْشَى اللَّهَ مِنْ عِبَادِهِ الْعُلَمُوا فَيَا أيُّهَا النَّاسُ اتَّقوالله حَقَّ تَقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنتُمْ مُسْلِمُونَ.

 

Jama'ah shalat Jumat rahimakumullah

Puji syukur kita haturaken dhateng Gusti Ingkang Murbeng Durnadi nun injih Allah Swt, atas sedaya rahmat, taufiq, lan hidayah Ipun sahingga kita taksih waged nglampahi shalat Jum'at kanthi kawontenan ingkang sae, sehat wal afiat.

 

Sholawat salam kita konjuk aturaken dhumateng Junjungan kita Nabi Agung Muhammad saw ingkang kita tengga-tengga syafa'atipun wiwit dunyo ngantos wonten ing akhirat sak mangke.

 

Kawula wasiat dhumateng kawula piyambak lan jama'ah sedoyo, monggo kita tansah ningkataken iman saha takwa kita dhumateng Gusti Allah, kanthi nindaaken sedoyo dhawuhipun lan ninggalaken sedoyo awisanipun Allah.

 

Hadirin Jama'ah shalat Jumat Ingkang Dipun Rahmati Allah

Allah Swt sampun ngutus Junjungan kita Nabi Muhammad, saw minongko paring pepadhang lan tuntunan dhumateng kita sedoyo lumantar ilmu, amal, lan akhlakipun. Sahinggo, para sahabat lan tabi 'in saged nderak tindak lampahipun Kanjeng Nabi, jalaran taksih celak kurun wekdalipun. Lajeng kados pundhi tumrap kita sedoyo ingkang sampun langkung saking 14 abad laminipun? Gusti Allah sampun paring tuntunan supados kita panjenengan gegondhelan kaliyan para ulama, jalaran para ulama menika kawulanipun Alloh ingkang paling ajrih lan taat dhateng Gusti Allah. Kados dhawuhipun Allah wonten ing QS. Fathir: 28

 

إِنَّمَا يَخْشَى اللَّهَ مِنْ عِبَادِهِ الْعُلَمُوا

 

Artosipun: "Temen setuhune sing paling wedi marang Allah seko kawulane, yaiku para Ulama.."

 

Para Ulamlah ingkang saat meniko kedah kita serap ilmunipun, lan kita dereki pengandikan saha akhlak saenipun. Ampun ngantos kita uwal saha lepas saking ilmunipun para ulama, lumantar para kyai lan santri-santrinipun. Wigatos sanged supados kita nderek para ulama, jalaran para ulama meniko minongko pewaris para Nabi. Kados dhawuhipun Kanjing Nabi Muhammad, saw:

 

إن العلماء ورثة الأنبياء وإن الأنبياء لم يورثوا ديناراً ولا درهماً إنما ورثوا العلم فمن أخذه أخذ بحظ وافر (رواه الترمذي وغيره وصححه الألبان).

 

Artosipun: "Temen setuhune para ulama iku pewrise para Nabi. Lan para Nabi iku ora marisaken dinar lan dirham. Temen setuhuni para Nabi iku padha marisaken ilmu. Sing sopo wonge ngudi ilmune, sing mesti dheweke oleh bagian sing paling gede."

 

Keranten para ulama meniko pewaris para Nabi, rugi lan ciloko menawi kita mboten nderek lan mendhet ilmu saking para ulama. Nopo malih ngantos ngedohi, mlajar, lan mungsuhi para ulama. Bahayanipun menawi kita ninggalaken ajaran ilmu nipun ulama dipun negndikaaken dening. Rasulullah, saw wonten ing setungalipun hadis mekaten.

 

سباني زمان على أمني يفرون من العلماء كما يقر العلم عن الذنب فإذا كان كذالك ابْتَلاهُمُ اللهُ تَعَالَى بِثَلاثَةِ أَشْيَاء: الأول يرفع البركة من أموالهم والثاني سلط الله عليهِمْ سُلْطَانًا جائزا وَالثَّالِثَ يُخْرِجُونَ مِنَ الدُّنْيَا بِلَا إِيمَانِ

 

Artosipun: "Bakal teko sewijining mangsa ingatase umatku, dheweke padha ngedoh seko ulama kaya olehe mlayune raja kaya saking satu galak. Mangka nalikane kaya mengkono mau, Gusti Allah bakal nurunake balak kelawan telung perkara, 1). Bandhane dicabut keberkahane 2). Allah bakal ngutus pemimpin sik dzolim 3). Bakal metu seko dunyo/mati tanpa iman.

 

Para hadirin Jama'ah Juma'h Ingkang Dipun Mulyakan Allah

Ono telung perkara bahayane nalikane menungsa ora nderak ilmune ulama, yaitu: Sepisan, dicabut keberkahan rezki saking bandhane. Rezki ingkang kita padose kanthi susah payah meniko kadhang cekap kadhang mboten cekap.

 

Kadhang manfaat kangge kita kadhang wonten ingkang dados laknat. Nalika kita ngedohi para ulama Gusti Allahi paring rezki ingkang boten berkah, mboten dadosaken kemanfaatan.

 

Ingkang angka kalih, Allah bade maringi Penguasa Yang Dzolim. Setunggaling negari menawi dipun pimpin kalian pemimpin ingkang dzolim, tentu rakyatipun tambah sengsara. Rakyat ingkang sae dipun mengsahi, dene ingkang boten sae malah dipun kasihi. Kados Raja Fir'aun, Raja Namrut, lan lintu-lintunipun. Ingkang angka tiga, mati tanpa nggaw iman. Iman saha taqwa meniko minongko syarat mutlak kita panjenengan mlebet suwarga.

 

Pramila rugi sanget tumrapipun tiyang ingkang ngedohi para ulama, jalaran sedanipun boten bekto iman lan takwa, sahingga tebih saking rahmat lan suwarganipun Gusti Allah. Na'udzubillahi min Dzalik.

 

Pramila monggo para Jama'ah sedoyo, kita tansah nyadhong ilmunipun para ulama, nderek lampahipun para ulama, saha hurmat lan ta'dzim dhateng para ulama.

 

Mugi-mugi kita sedoyo kagolongaken tiyang-tiyang ingkang dhemen lan mulyaaken para ulama pewarisipun para Nabi. Lan dipun kumpulaken sareng-sareng kalian ingkang kita remeni lan dipun remeni dening Allah Swt. Amiin Amiin Ya Robbal 'Alamiin.

 

أعوذ بالله من الشَّيْطَانِ الرَّحيم بسم الله الرحمن الرحيم والعصر إن الإنسان لفي خسر إلا الَّذِينَ آمَنُوا وعملوا الصالحات وتواصوا بالحق وتواصوا بالصبر

 

باركَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيمِ وَتَفَعَنِى وَايَّاكم بالآيات والذكر الحكيم وتقبل مِنِّي وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيعُ الْعَلِيمُ وقُلْ رَبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنتَ خَيْرُ الرَّاحِمِينَ

 

Khutbah Kaping Kalih

 

الحمد لله وكفى، وأصلي وأسلم على سيدنا محمد المصطفى، وعلى آله وأصحابه أهل الوفاء. أما بعد، فيا أيها الْمُسْلِمُونَ، أَوْصِيكُمْ وَنَفْسِي بتقوى الله العلي العظيم واعْلَمُوا أَنَّ الله أمركم بِأَمْرِ عَظِيمٍ، أَمَرَكُم بِالصَّلاة والسلام على نبيه الكريم فقال: إن الله وملائكته يصلون على النبي، يا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلَّمُوا تَسْلِيمًا، اللَّهُمَّ صَلَّ عَلَى سيدنا محمد وعلى آل سيدنا محمد كما صليت على سيدنا إبراهيم وعلى آل سيدنا إبراهيم وبارك على سيدنا مُحَمَّدٍ وعلى آل سيدنا محمد كما باركت على سيدنا إبراهيم وعلى آل سيدنا إبراهيم، في العالمين إنك حميد مجيد. اللهم اغفر للمسلمين والمُسْلِمَاتِ والْمُؤْمِنِين والمؤمنات الأحياء منهم والأموات، اللهم ادفع عَنَّا الْبَلَاء وَالْعَلَاء وَالْوَبَاء والفحشاء والمنكر والبغي والسيوف المختلفة والشدائد والبحن، ما ظهر منها وما بَطْنَ مِنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَّةً وَمِنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِينَ عامة، إنك على كل شيء قدير عباد الله، إن الله يأمر بالعدْلِ وَالْإِحْسَانِ وَإِيتَاءِ ذِي الْقُرْبَى وَيَنْهَى عن الفحشاء والمنكر والبغي، يعطكم لعلكم تذكرون. فاذكروا اللهَ العَظِيمَ يَذكركُمْ وَأَذكر الله أكبر

Materi Khutbah Jumat versi bahasa Indonesia: UNDUH DISINI

Materi Khutbah Jumat versi bahasa Jawa: UNDUH DISINI