Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Kewajiban Cinta Dateng Rasulullah Shallallahu alaihi wa sallam
Jumat, 13 Juni 2025 | 08:00 WIB
NU Online Jateng -
KHUTBAH 1
الحَمْدُ للهِ المَوْجُود أزلا وأبدًا بلا مكان، والصلاة والسلام الأثمان الأكملان، على سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ سَيد ولد عَدْنَانَ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ لا إله إلا الله وحده لا شريك له، وأشهد أن . بِإِحْسَانٍ، أَشْهَدُ أَن لَّا ! وَرَسُولَهُ
أَمَّا بَعْدُ، فَإِنِّي أَوْصِيكُمْ وَنَفْسِي بتقوى الله الْعَلِيِّ الْقَدِيرِ الْقَائِلِ فِي مُحْكَمِ كتابه: إنا أرسلناك شاهِدًا وَمُبَشِّرًا وَنَذِيرًا، لِتُؤْمِنُوا بِاللَّهِ وَرَسُولِهِ وَتُعَزِّرُوهُ وَتُوَقِّرُوهُ وَتُسَبِّحُوهُ بُكْرَةً وَأَصِيلًا (الفتح: (98)
Ma'asyiral muslimin rahimakumullah,
Saking mimbar, meniko khotib wasiat dumateng kito sedoyo, khususipun dumateng khatib pribadi, supados tansah ningkataken iman lan taqwa kita dumateng Allah subhanahu wa ta'ala kanthi nindakaken sedoyo kewajiban lan nebihi sedoyo ingkang haram.
Kaum Muslimin yang berbahagia,
Tema khutbah wonten ing siang meniko mengenahii bab-bab ingkang kedah ditancepake ing saben manah, yaiku rasa tresna marang Rasulullah. Rasul paling utami. Pemimpin kabeh manungsa. Makhluk ingkang paling mulya, Kanjeng Nabi Muhammad shallallahu 'alaihi wa sallam.
Ma'asyiral Muslimin rahimakumullah,
Cinta dateng Sayyidina Muhammad hukumipun wajib atas setiap mukallaf (baligh dan berakal). Allah ta'ala berfirman dalam al Qur'an: Cinta dateng Sayyidina Muhammad meniko wajib kangge saben mukallaf (baligh lan berakal). Allah Ta'ala ngendika wonten ing Al Qur'an:
قلْ إِن كُنتُمْ تُحِبُّونَ اللهَ فَاتَّبِعُونِي يُحْبِبْكُمُ الله وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَاللَّهُ غَفُورٌ رَحِيمٌ ال) عمران (31)
(Muhammad) dhawuha: "Yen kowe tresna marang Allah manuto marang aku, mongko Allah bakal tresna marang kowe lan ngapura marang dosamu." Lan Allah iku Maha Pengampun, Maha Penyayang." (QS Ali Imran: 31)
Rasulullah shallallahu 'alaihi wa sallam bersabda:
لا يُؤْمِنُ أَحَدُكُمْ حَتَّى أكون أحب إليه من والده وولده والنَّاسِ أَجْمَعِينَ رَوَاهُ البخاري)
Maknanipun: "Ora sempurno imane wong songko salah sijine nganti dheweke tresna marang aku ngluwihi bapake, anak-anake lan kabeh manungsa" (HR al-Bukhari).
Ma'asyiral Muslimin rahimakumullah,
Cinta dateng Kanjeng Nabi dipun buktikan kanthi pirang-pirang perkara; Bukti cinta/tresno kito dateng Rosululloh ingkang kaping:
1. Iman dateng Rasulullah, tegesé percados tanpa ragu bilih Muhammad bin Abdillah bin Abdul Muththolib bin Hasyim bin Abdi Manaf, saking suku Quraisy, niku kawulo lan utusané Allah marang kabèh manungsa lan jin. Sedaya ingkang dipun sampaikan menika leres, baik menika bab ingkang sampun kalampahan kados dene wiwitanipun tumitahipun makhluk, cerita tentang para Nabi lan umat ingkang rumiyin, ugi bab ingkang badhe kalampah ing ngajeng ugi bab halal. lan haram. Boten pareng kangge kito ngingkari rasulullah shallallahu 'alaihi wasallam.
Meniko keranten sedoyo ingkang dipun sampaikan rasulullah meniko wahyu saking Allah.
وَمَا يَنْطِقُ عَنِ الْهَوَى إِنْ هُوَ إِلَّا وَحْيٌ يُوحَى
Maknanipun: Lan Muhammad ora ngendika adhedhasar hawa nafsunipun, kajaba wahyu sing diturunake." (Q.S. An Najm 3-4).
Ma'asyiral Muslimin rahimakumullah,
Bukti cinta/tresno kito dateng Rosululloh ingkang kaping:
2. Taat marang Rasulullah shallallahu alayhi wasallam, kanthi nindakake dhawuhe Rasulullah lan ninggalake perkara-perkara ingkang dipun haramake. Amargi tiyang ing kang cinta bakal manut marang sing dicintai. Al Imam as Syafi'i radliyallahu 'anhu ngendika:
إنَّ الْمُحِبُّ لِمَنْ يُحِبُّ مُطِيعُ
"Saktemene wong kang tresna iku manut marang kang ditresnani"
Menawi wonten ingkang ngakeni kanthi lisan tresna dhateng Kanjeng Nabi lan tiyang kangen dhateng beliau, ananging nglirwakaken dhawuhipun Kanjeng Nabi lan nindakaken maksiat, mongko sesungguhnya pengakuan cintanipun punika boten kabukti, tiyang meniko berarti goroh.
Al Imam Asy Syafi'i ngendika:
لوْ كَانَ حُبُّكَ صَادِقًا لَأَطَعْتَهُ
"Yen tresnomu kuwi tulus mesthi siro bakal manut"
Ma'asyiral Muslimin rahimakumullah,
Bukti cinta / tresno kito dateng Rosululloh ingkang kaping:
3. Niru akhlakipun ingkang kang mulya. Rasulullah punika Kaping telu bukti tresno marang kanjeng Nabi shallallahu alaihi wasallam yaiku niru akhlak kang mulya. Rasulullah punika ingkang paling mulya akhlakipun. saking agunging akhlaqipun, Allah muji akhlakipun wonten ing Al-Qur'an:
وَإِنَّكَ لَعَلى خُلُقٍ عَظِيمٍ
Temenan, Siro kuwi manungso sing paling agung akhlake
Sayyidah Aisyah radliyallahu 'anha ngendika:
كَانَ خُلُقَهُ القُرْآنُ
Maknanipun:" Akhlak Nabi meniko al Qur'an"
Tegesipun pangandikanipun Sayyidah Aisyah inggih menika sedaya akhlak ingkang dipun dhawuhaken dening Allah wonten ing Al Qur'an menikoi dipun tindakaken kanjeng Nabi Muhammad shallallahu alaihi wasallam lan akhlak ingkang awon ingkang dipun larang dening Allah wonten ing Al Qur'an dipun tilar kanjeng Nabi Muhammad shallallahu alaihi wasallam.
Ma'asyiral Muslimin rahimakumullah,
Bukti cinta/tresno kito dateng Rosululloh ingkang kaping:
4. Ngatahake maos shalawat saha salam dhumateng Rasulullah.
Maos shalawat meniko dipun perintahake wonten ing Al Qur'an. Allah Ta'ala ngandika:
يا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلَّمُوا تَسْلِيمًا
Maknanipun: "Hel wong-wong kang padha iman, padha ndongoho sholawat marang kanjeng Nabi lan ngucapo salam penghormatan dateng kanjeng Nabi." [Al-Ahzab 56]
Tiyang ingkang cinta Kanjeng Nabi shallallahu 'alaihi wasallam mena mireng asmanipun Kanjeng Nabi dipun sebat bakal maos sholawat dati kanjeng Nabi. Amargi wong sing ora maos sholawat nalika disebutak asmanipun kanjeng Nabi, Nabi nyebut dheweke wong bakhil. Rasulullah shallallahu 'alaihi wasallam dawuh:
البَخِيلُ مَنْ ذُكِرْتُ عِنْدَهُ فَلَمْ يُصَلِّ عَلَى
Maknanipun: "Aran wong bakhil yaiku wong sing nalika aku disebutake ing cedhak dheweke, ora ndedonga sholawat marang aku "
Ma'asyiral Muslimin rahimakumullah,
Mekaten khutbah singkat wonten ing siang ingkang barokah punika. Mugi-mugi migunani lan paring berkah dumateng kita sedaya. Amin.
أَقولُ قَوْلِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُ الله لي وَلَكُمْ، فَاسْتَغْفِرُوهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُورُ الرَّحِيمُ.
KHUTBAH II
الْحَمْدُ لله وكفى، وأصلي وأسلم على سيدنا مُحَمَّدٍ الْمُصْطَفَى، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَهْلِ الوفاء أشهد أن لا إله إلا الله وحدَهُ لا شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ.
أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا الْمُسْلِمُونَ، أَوْصِيكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللَّهِ اللهِ الْعَلِي الْعَظِيمِ وَاعْلَمُوا أَنَّ أنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأمر عظيم، أمركم بالصلاة والسلام على نبيه الكريم فقالَ: إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصلون على النبي يا أيها الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلَّمُوا تَسْلِيمًا، اللهم صل على سيدنا محمد وعلى آل سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْت علَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آل سيدنا إبراهيم وبارك على سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، فِي العالمينَ إِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيدٌ اللهمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِينَ وَالْمُسْلِمَاتِ والْمُؤْمِنِينَ وَالْمُؤْمِنَاتِ الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأمْوَاتِ، اللهم ادفع عنا الْبَلَاءَ وَالْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالْفَحْشَاء وَالْمُنْكَرَ وَالْبَغْي والسيوف المُختلِفة والسَّدَائِدَ وَالْمِحْنَ، مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ مِنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَّةً وَمِنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِينَ عَامَّةً، إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيرٌ
عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ وَإِيتَاءِ ذِي الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُونَ. فَاذْكُرُوا اللَّهَ الْعَظِيمَ يَذْكُرُكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ.
Download materi khutbah: KLIK DISINI
Materi Khutbah Jumat dari PCNU Kediri